Daerah kabupaten
Indramayu iku bengene arane padukhan Dharma Ayu Nagari, lan biasa
disingkat dadi Dermayu. Sejarae iku, bengen mangsa padukuhan sing ana
ning pinggir kali cimanuk dau dibabad, Raden Aria Wilalodra ksatria
saking kadipaten Bagelen (saiki Purworejo Jawa Tengah)
putrae Raden Singalodra kang mbabad alas kali cimanuk, demen karo
wanoja kang arane Nyi Endang Dharma Ayu, tapi Nyi Endang Dharma gelem
dadi rabine Raden Wilalodra sarate kudu ngalahaken Nyi Endang ning adu
tandig kesakten ilmu kanuragan, kelorone pada saktine, kelorone emong
ngalah, kelorone pengen mbuktikaken yen deweke pendekar pilih tanding,
sape akhire Nyi Endang mati ning tangane Raden Wiralodra, Raden
Wilalodra keduhung ning kedadean niku, lan kanggo ngelingaken Nyi Endang
Dharma akhire padukuhan anyar sing durug due aran niku di arani
padukhuhan Dharma Ayu Nagari. Raden Ariya Wilalodra mimpin padukuhan
singawit padukuhan cilik dadi kadipaten sing gedhe lan disegani, iku uga lantaran posisi strategis Dermayu sing dadi lintasan perdagangan lan dadi dalan antara Kasultanan Caruban (Cirebon) karo kutha Batavia (Jakarta).
Selama Raden Aria Wlalodra mimpin iki padukhuhan, deweke due gelar
yaiku Raden Indrawijaya. Peralihan tembung "Dharma Ayu" meng "Indramayu"
iku mungikin gabungan keloro tembung wau. Peresmian aran kien tanggal 7
Oktober 1527
No comments:
Post a Comment